Posted On January 30, 2026

Luwih Saka Tetembungan: Sinau Tata Trapsila Lumantar Tataran Basa Jawa

Yuli Anita 0 comments
>> Literasi >> Luwih Saka Tetembungan: Sinau Tata Trapsila Lumantar Tataran Basa Jawa

Oleh : MGMP Bahasa Jawa SMP Negeri 3 Malang

Nalika kita arep matur marang pawongan sing luwih tuwa utawa bapak/ibu guru, dumadakan ilatmu krasa ruwet. Sejatine kowe kapengin raket karo pawongan sing luwih tuwa, nanging kowe wedi kleru nggunakake basane. Nah, prakara kuwi sing ndadekake Basa Jawa unik!

Ing sekolah kita sinau babagan basa Ngoko lan Krama, nanging apa kowe ngerti yen tataran basa Jawa kuwi sejatine ora digawe kanggo ngguwang wektumu lan nggawe kowe mumet?

Tataran basa Jawa kuwi sejatine kanggo “latiyan otot” kanthi tujuwan ngolah emosional lan rasa empati kita. Ayo dibedah bareng-bareng, kira-kira geneya tataran basa Jawa kuwi wigati banget kanggo kita sinaoni?

1. Mangerteni Empan-papaning dhiri: “Sapa Aku lan Sapa Kowe?”

Mesthine kita kabeh wis mangerteni marang sapa kita nggunakake basa Ngoko lan Krama. 

Basa Ngoko digunakake cecaturan karo kanca dolan, tujuwane kanggo mbangun paseduluran sing raket. Dene, Basa Krama digunakake marang wong tuwa kanthi tujuwan ngajeni lan ngurmati. Saka rong prakara kuwi, sejatine kita lagi sinau babagan tata krama.

2. “Rem” Nalika Micara

Mesthi kita sering nglakoni utawa meruhi wong liya nalika cecaturan angger njeplak yen ngomong ora dipikir dhisik. 

Nah, prakara kuwi bisa dirampungi kanthi sinau tataran basa.. Tata carane nggunakake yaiku:

Mikir dhisik sadurunge muni: nalika milih tembung saka Ngoko menyang Krama, dipikir dhisik sing luwih mempeng kanggo milih tembung sing pantes.

Sumber gambar: Gemini AI

Ngontrol emosi: bakal angel arep nesu sing mbledhos yen kita isih nyoba nganggo basa sing alus. Mula kanthi cara iki, kita dilatih supaya tetep sareh lan ngati-ati nalika cecaturan.

3. Ngasah Empati lan Rasa Preduli

Fokus utama saka panganggone basa Ngoko lan Krama yaiku Empati. Tuladhane nalika kita nganggo basa Krama Inggil kanggo nyebut tumindake wong tuwa, nggunakake tembung dhahar dudu mangan

Bab kasebut minangka wujud yen kita menehi pakurmatan lan ngajeni wong sing luwih tuwa.

Saliyane iku, nglatih supaya tansah mikirake pangrasane wong liya. Kita sinau yen cecaturan kuwi dudu mung prakara “apa sing daktulis utawa dakucapake”, nanging “kepriye wong liya ngrasakake omonganku”.

4. Investasi Karakter ing Dina Tembe

Yen saiki bisa wae krasa abot amarga kudu ngapalake akeh tetembungan basa Jawa, mligine basa Ngoko lan Krama. Nanging wong sing bisa ngempanake basa kanthi becik biyasane luwih gampil ing pagawean lan paseduluran. 

Ing donya kerja sesuk, cecaturan kanthi tatatrapsila kuwi dadi kaprigelan larang sing ora diduweni dening sakabehane pawongan.

Ing ngisor iki tuladhane tetembungan basa Ngoko lan Krama. 

Tabel Tembung Padintenan (Ngoko – Krama Inggil)

Sumber: MGMP Bahasa Jawa

Sinau Basa Jawa utamane babagan Ngoko lan Krama kuwi dudu mung soal ngapalake tembung sing angel. 

Sejatine, ana telung prakara wigati yaiku minangka sarana olah rasa, kontrol dhiri, lan karakter. Tataran basa Jawa dadi salah sawijining cara kita ngajeni lan ngurmati wong liya, mligine wong sing luwih tuwa. 

Supaya kita bisa dadi pribadhi sing luwih preduli lan njaga tata krama ing ngendi wae. 

Para mudha sing wasis basa Jawa nuduhake karakter kuwat lan drajad sing dhuwur amarga ngerti carane ngempanake dhiri. 

Mula, aja wedi sinau Basa Jawa!

Luwih becik kleru sethitik amarga isih sinau, tinimbang ora gelem nyoba babar pisan. Kanthi njaga tataran Basa Jawa, kita uga njaga lan nglestarikake kabudayan Jawa.

Cucak rawa enak swarane, simbah Trisna sing nggawakake

Wong Jawa aja ilang Jawane, unggah-ungguh kudu dilestarikake 

Matur nuwun, sugeng pepanggihan ing wekdal sanesipun!👋

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Related Post

Bonus Demografi

Oleh : MGMP IPS SMP Negeri 3 Malang Pernahkah kalian mendengar istilah bonus demografi? istilah…

Self Love, Yuk, Sayangi Dirimu Mulai Detik Ini Juga

Oleh : MGBK SMP Negeri 3 Malang Apa Itu Self Love? Self-love adalah sikap menghargai,…

Nilai dan Norma Interaksi Sosial di Indonesia

Oleh: MGMP IPS SMP Negeri 3 Malang Pernahkah kalian melihat berita tentang perundungan di sekolah,…