Dening: Ardanara Brameswara
Dhek jaman biyen ana Mbok Randha duwe anak arane Simin lan Simun. Simin anak mbarep senengane dolanan. Sengsara ora dibantu babar pisan. Mbok Randha saben dina bakul godhong didol menyang pasar. Dhuwite ditukokake beras kanggo mangan.
Dene Simun tansah sregep ngrewangi simboke. Saben mulih sekolah, mesthi enggal-enggal salin penganggo, nuli golek samubarang sing bisa diedol simboke. Yen simboke menyang pasar Simun golek kayu. Kayu kanggo adang lan kayu sing bisa didol menyang pasar. Dene Simin saben dina bubar mangan banjur dolan.
Esuk kuwi dinane Minggu, Simun arep budhal menyang alas golek kayu rencek kanggo adang simboke. Simun budhal ijen mung ngawa caluk wae. Caluk kuwi wis diasah landhep sadurunge budhal. Simun golek kayu sing garing.
Ing sapinggire tlaga ana kayu garing. Kayu kuwi dibacoki Simun. Durung nganti kayune tugel, caluke ndadak lecek ceblok menyang tlaga. Mangka tumuju tlaga kuwi kudu ngliwati jurang. Banyune tlaga sing rupane biru kuwi katon yen jero banget. Yen dheweke mudhun, kepriye oleh bali munggah. Simun mung dheleg-dheleg.
“Ana apa Le, kok dheleg-dheleg ana kono?”
Simun kaget. Nalika noleh weruh wong tuwa nyedhaki. “Kula pados kajeng, caluk kula lecek lajeng dhawah dhateng tlaga ngandhap nika. Gek kados pundi angsal kula mendhet?”
“Yen ngono jajal takgolekane ya. Entenana ana kene,” kandhane wong tuwa iku.
“Ah, mboten usah, kula mesakne sampeyan. Sampun sepuh, mangke klelep.”
“Ora apa-apa, senajan wis tuwa, aku isih rosa. Aku wis pengalaman nyilem ing tlaga,” kandhane wong tuwa kuwi karo mudhun kanthi kepenak wae liwat perengan tlaga. Wong tuwa kuwi banjur silem ing tlaga. Mecungul wis nggawa caluk. Dheweke munggah perengan.
“Apa iki calukmu?” pitakone sinambi ngacungake caluk kuning emas.
“Sanes, caluk kadamel saking wesi teyengen,” wangsulane Simun jujur. “Wau angsal kula ngungkal mboten patos resik.”
Wong tuwa kuwi bali mudhun jurang, banjur njegur lan silem tlaga maneh. Ora watara suwe bali mecungul. Munggah jurang nggawa caluk putih gilap saka perak.
“Apa iki calukmu?”
“Sanes. Bilih sampean sayah, mboten usah dipadosi, Mbah,” bengoke Simun mesakake wong tuwa sing munggah mudhun jurang. “Sampun kula lila.”
Ewa semono wong tuwa kuwi ora nggugu. Dheweke bali mudhun jurang. Wong tuwa kuwi njegur tlaga banjur silem maneh. Nalika munggah jurang, sinambi nggawa caluk wesi.
Simun wis titen banget karo duweke. Jalaran saben dina dicekeli. “Nggih niku caluk kula, matur suwun sanget, nggih Mbah,” Simun seneng banget.
Caluk diuncalake saka tengah jurang. Ceblok sacedhake Simun. Wong tuwa kuwi bali mudhun jurang. Sawise njegur tlaga banjur nggawa caluk emas lan perak sing tanpa garan digawa munggah nyedhaki Simun.
“Kanggo kejujuranmu, iki caluk emas lan caluk perak dakwenehake kowe. Kok cuwil sethithik wae, kowe bakal entuk dhuwit akeh. Kowe lan keluwargamu bakal sugih lan urip kepenak.”
“Matur suwun, Mbah. Kula mboten saged nampi,” kandhane Simun. “Langkung prayogi pados kajeng tinimbang nampi hadiah. Bilih kula tampi, mbenjang kula badhe dados lare lumuh,” Simun emoh nampani caluk emas lan perak.
“Lho, kok bisa, Le?” wong tuwa kuwi gumun.
“Jalaran menawi kula tampi, kula malih mboten purun nyambut damel. Margi ngendelake emas lan perak niki. Mbenjang yen emas lan perake sampun telas kula sampun dados lare ingkang mboten remen nyambut damel,” wangsulane Simun. “Kula pilih kecekapan saking pedamelan kula piyambak. Mboten ngendelake peparinge tiyang.”
“Lha kowe banjur duwe panyuwun apa?”
“Kakang kula Simin sageda dados lare ingkang sregep supados mbenjang gesangipun sekeca,” panyuwune Simun.
“Yen ngono aku mung donga muga-muga kakangmu dadi bocah sregep. Dene kowe, saiki sekolaha lan nyambut gawe sing sregep. Aku yakin mbesuk uripmu kepenak.”
Simun ngucap matur suwun merga wis ditulung njupukake caluke sing kejegur tlaga. Dheweke banjur nerusake golek kayu. (Cuthel)
Sumber: Panjebar Semangat No. 16 // 19 April 2025
